Sains, Teknologi, Seni dan Budaya

CUPU MANIK ASTAGINA

Sumber: http://bondanriyanto.weebly.com/artikel-kawruh-wayang.html

Pangandikane Sang Resi Gotama marang putranipun tetiga, Raden Guwarso, Guwarsi lan Dewi Anjani. Mengko yen wis ana Satriya Saka Ayodya Pala titsing Saghyang Wisnu, yo ing kana papaning kamulyan bakal dumadi.

Crita Cupu Manik Astagina punika ingkang anjalari dumadining para wanara ing jagad pawayangan. Punika crita asal-usulipun leluhuring Raden Hanoman lan Raden Jaya Anggada.

Critanipun Cupu Manik Astagina kados ing ngandap punika:

Resi Gotama kagungan garwa sawijining Widadari kang aran Dewi Windradi peputra telu cacahe, yaiku Dewi Anjani, Raden Subali lan Raden Sugriwa. Dhasare Resi Gotama iku pancen priya kang bagus rupane dedeg piadege sinembuh solah bawane kang alus, kaduk anteng tur wicaksana lha ya Brahmana, mula daya pangaribawane ya bisa lumeber marang para kawula ing sakiwa tengene. Garwane kang awujud Widadari sulistya ing warni, mula para putra –putrine ora ana kang sing kuciwa ing warna. Bola-bali ya putra pandhita kang darbe garwa Widadari.

Nanging ya ora kaya mangkono iku bisa tulus lestari tanpa kalis ing sambekala. Sanadyan pandhita iku darbe kaluwihan punjul tinimbang titah sawantah, nanging adeging bale wisma sarta brayate uga ora luput saka arane godha rencana kang ora diarep-arep tekane. Gelising crita Dewi Windradi iku sanadyan ayu rupane lan wis winengku dening kakung ginarwa dening Resi gotama, nanging isih bisa ketaman sambang liring netrane marang priya liya. Ora baen-baen sing dadi godhaning ketentreman lan kamulyaning brayate Resi Gotama mau sawijining Dewa ing Suralaya kang aran Bhatara Surya. Kanthi dedhemitan sarta sinamun ing samudana dimen datan kawistara Bhatara Surya lan Dewi Windradi asring sapatemon, nguja krodhaning asmara.


Minangka pangeling-eling lan talining katresnan Dewi Windradi diparingi Cupu Manik Astagina kanthi wineling aja nganti ana wong liya sing ngerti. Lakuning wektu terus nggeblas tanpa mandheg mangu, taun lan sasine uga terus lumaku tanpa noleh wuri. Kahanan kaya mangkono iku kodrating jagad sing tansah nykara manggilingan, tegese mubeng kaya lakune rodha utawa cakra. Mula kahanan lan swasana ing jagad raya iku tansah owah gingsir. Nanging paugeran sing ora bisa diselaki yaiku anane pepesthen becik ketitik ala ketara. Sanandyan dikaya ngapa primpene wong nyimpen wewadi, ing sawijining wektu mesthi bakal kadenangan, sing sapa nandur bakale ngunduh, sing nandur becik bakal ngunduh kabecikan, sing nandur ala bakal ngunduh wohing piala.

Kocap kacarita, Cupu Manik Astagina peparinge Bhatara Surya marang Dewi Windradi, konangan dening Resi Gotama nalika Cupu Manik Astagina mau kanggo dolanan putrane yaiku Dewi Anjani. Nalika Sang Resi ndangu Dewi Anjani matur, yen entuk saka peparinge sang Ibu Dewi Windradi, nanging nalika Sang Dewi Windradi didangu dening sang Resi, kendel ora kersa atur wangsulan. Kadayan kagoling panggalih, resi Gotama katrucut pangandikane esmunyupatani Dewi Windradi. Wong ditakoni kok ora sumaur mung meneng wae kaya Tugu.

Dayane pandhita sekti sabdane Resi Gotama numusi, padha sanalika Dewi Windradi salin salaga malih rupa wujud tugu watu. Kagyat jroning penggalih Sang Resi Gotama, getun kaduwung campur duka lan sungkawa mula Cupu Manik Astagina sing kanggo rebutan dening putrane tetiga, sigra dibalangake nganti tumeba ing sendhang Madirda.

Raden Subali, Sugriwa lan Dewi Anjani nututi prenahe Cupu Manik Astagina prenahe tumiba. Subali lan Sugriwa teka luwih dhisik ing pinggiring sendhang madirda, banjur bebarengan ambyur nyemplung ing sajroning sendhang gogoh-gogoh nggoleki Cupu Manik Astha gina kang cetha tumiba ing kono. Eloking lelakon Cupu Manik Astagina ilang musna, dene Sugriwa lan Subali salah kedaden ganti wujud malih rupa dadi wanara gedhene kagila-gila. Dewi Anjani kang tekane kari, diraupi banyune sendhang uga malih rupa wujud wanara. Kanthi ati kang sedih, bingung lan keduwung bocah telu pisan gegancangan marak sowan marang ngarsane Sang Rama Resi Gotama, kanthi tawang-tawang tangis.


Saya emeng penggalihe Resi Gotama, dayane brahmana sekti lan wicaksana, banjur karacut emenging penggalihira, pasarh sumarah marang purba wisesaning Gusti Kang Murbeng Jagad. Sang Resi patrap semadi maladi hening minta wilasaning Sang Murbeng Rat. Sawise mudhar semadi Sang Resi wis entuk wangsit saka Hyang Akaraya Jagad, banjur ngendika kanthi aris marang para putra, Raden Subali didawuhi tapa ngalong ing alas Sonyapringga, ora kena managan lan ngombe yen ora ana pangan lan banyu kang tumiba ing tutuke Subali. Patrape tapa gumandhul ing pang sirahe ana ngisor sikile sing kanggo gondhelan pange kekayon.

Raden Sugriwa uga didhawuhi tapa ing alas Sonyapringga kang sinebut tapa Ngidang, saba saparan-paran ing sajroning alas entuke mangan mung sabangsane gegodhongan kang tinemu ing alas Sonyapringga mau. Dene dewi Anjani dihawuhi tapa nyanthuka ing sapinggiring kali sacedhake ala sonya pringga, patrape ora kena mangan lan ngombe yen ora ana pangan lan banyu kang tumiba ing ing pangkone utawa ing tutuke Dewi Anjani. Rampunging tapa ateges baline kamulyane mengko yen wis ana satriya pinandhita saka Ayodyapala ngupadi garwane kang cinidra raja Raseksa ing Alengka. Sawise Para Putra dingendikani sing akeh-akeh kanthi kebak rasa tresna asih, banjur padha tinundhung budhal ngayahi sesanggeman sowang-sowang.


Dene tugu malihe Dewi Windardi, awit saka wisiking Bathara linuwih, disawatake Resi Gotama, tumiba ing sapinggiring kali ing tlatah Alengkadiraja. Ujaring wangsit mbesuk yen wis campuh perang gedhe antarane bala raseksa Alengka diraja lumawan wanara wadyane Raden Ramawijaya, Dewi Windardi ndungkap anampi kamulyan, yaiku ing lelakone perang Patih Prahastha mungsuh Kapi Anila.


Nalika kapi Anila kaseser yudane lumawan Patih Prahasta, pinulasara binanting tumiba ing sacedhake tugu sela ing sapinggiring kali. Kapi Anila kantaka baren eling banjur nyandhak tugu watu lan dikeprukake sirahe Patih Prahasta, sirahe pecah sakala dadi lan pralayane sang Patih Prahastha.

Tugu sela sumyur sawalang-walang, bareng pecahe tugu watu, baar wujude Dewi Windradi kang wis luwar saka supatane Resi Gotama. Dewi Windradi dikanthi kondur mring kaswargan dening Resi Gotama kan wus abadan suksma.

About these ads

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Awan Tag

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: