Sains, Teknologi, Seni dan Budaya

KIDUNG KURUKSETRA (Perangan 03)
Oleh Mas Kumitir


Arjuna tetanya:

1. //Duh Janardana, manawi menggah Paduka / ngelmu langkung utama tinimbang pakarti / Kenging punapa Paduka dawuh mring kula / nglampahi tumindak deksia punika, duh Kesawa//
2. //Sabda Paduka samar mungguhing pamikir kawula / Pramila, wedharna mring kula kanthi trawaca / Namung sawiji margi ingkang saged kula lampahi / amrih ginayuh kamulyan sejati//

Pianggepe Arjuna manawa perang, paten-pinaten iku kejem, galak lan kasar. Nadyan mungguhing satriya mateni satru iku sawijining kawaji­ban, nanging Arjuna nora gelem tumindak mangkono, amarga nora tega mateni sanak-kadange dhewe.
Kang wus kawedhar dening Kresna kawuri kurang trawaca munguhing Arjuna kapara wudhar pamikire. Saya bingung rasane Arjuna nampa piwulange Sri Bhagawan. Ing kono kaya-kaya Sri Kresna gandharake manawa tumindak kanggo njangka nugraha iku luwih asor drajade tinimbang makarti tanpa nduweni pepinginan pribadi, lan ngelmuluhur tanpa makarti iku luwih luhur katimbang makarti tanpa ngelmu.
Manawa ngelmuluhur luwih becik kanggo nggayuh kamulyan langgeng tinimbang makarya, mula apa gunane tumindak ?, Luwih-luwih tumindak gawe pepati ing paprangan. Mangkono pitakone Arjuna, lan heweke adreng nyadhong pituduh kang temen saka Sang Guru.

Sabdane Sri Bhagawan :
3. //Wus dak andharake nalika samono, he Anagha / Satemene ana loro marganing panjangka / marganing ngelmu tumrap para wasis / marganing karti tumrap para misaya//

Sejatining Bebener iku tan ana loro, nanging Bebener iku bisa ginayuh kanthi marga kang loro. Kang Kapisan, kanthi cara nggegulang ngelmu lan kridhaning batin tumrap para winasis. Kang Kapindho, kanthi cara bekti ing karya tanpa ngarep-arep pituwas tumrap para kang makarya. Lelorone bakal antuk pikoleh kang padha tumrap panjangka kamulyan langgeng. Leloro marga iku nora bisa madeg dhewe-dhewe, kapara kudu padha lung-tinampan.

4. //Janma tan bisa nggayuh kamardikan / karana kendel datan makarti / uga tan bisa nggayuh kasampurnan / karana nyingkiri karya//

Ana panganggep manawa jroning nggayuh kamardikan kudu nilar sakabehing tumindak dimen luwar saka kunjaraning pituwas. Samono uga kanggo nggayuh kasampurnan, manungsa kudu nyingkiri sakabehing pakarti, amrih pituwas datan ana, saingga ana tetembungan “Nora perlu makarti, yen wus jatahe bakal teka dhewe”.
Dudu mangkono kang dadi karsane Kresna ! Kamardikan ing kene dudu mardika tanpa karya, nanging mardika saking pangiketing karya iku dhewe. Lan, Kasampurnan kang den karepake yaiku ora kudu sumingkir saka pakarti, nanging sumingkir saka nepsu lan pepinginan pikantuk pituwas karya.

5. //Tan ana kang datan makarti / sanadyan hamung sakedheping netra / Karana kanthi tanpa daya manungsa / tinitah makarti dening Jangkaning Jagad //

Salawase urip ing donya, manungsa datan bisa uwal saka tumindak. Mikir iku ya tumindak, mlaku lan makarti iku uga tumindak. Cekak aose, urip iku sawijining tumindak. Manungsa tan bisa endha, dheweke nora bisa oncat saka prakara iki, saka sipat lan khukum prakriti (jagad).

6. //Kang lungguh, meper pancadriyane / nanging ciptane tansah nrawang kanikmatan / yektine bingung, nyelaki dhiri / lan den arani Sang Sankuni /
7. //Nanging manungsa kang bisa ngendhaleni / pancadriya lan ciptane, he Arjuna / Lan makarti tanpa pamrih pribadi / yaiku Manungsa Tama//
8. //Makartia kaya kang wus ginaris / amarga obah iku luwih becik tinimbang mandheg / Yen sira datan makarti / nyukupi urip bae tangeh kalakon//

Bisa bae manungsa ngeremake netrane amrih nora nyawang saliring kaendahan, uga nutup tutuke supaya ora mangan kang sarwa eco, nanging manawa maksih ngumbar pikirane lan pepingane nora den kendhaleni, dheweke bakal cabar anggone ngenebken sejatine “Laku”. Samono uga, bisa bae manungsa meper pikiran lan pepinginane, yen maksih ngumbar panca­driya, mula dheweke iku nora wruh apa sejatine Laku iku.
Meper pancadriya iku minangka pambukaning pamekak pikir lan pepinginan, utawa kanthi tembung liya, meper barang lair iku pambukaning meper barang kang batin.
Pamepering pancadriya dening pamikir iku banget piguna kanggo reresik jiwa saka nepsu lan pepinginan. Meper pancadriya ora teges kudu ninggal saliring tumindak. Ing kene piguna kanggo nggayuh manthering pakarti pancadriya marang tumindak lan pakarti kang jejeg.
Kanthi mangkono, pamikir bisa manther ing pakaryan lan bekti kang luwih sampurna datanpa mbutuhi dhiri priyangga. Pakarti kang mangkono iku nuwuhake kamardikan jiwa saka kunjaraning kadonyan.
Saben manungsa darbe jejibahan dhewe-dhewe. Para Wasis kudu ngamalake kawruhe jroning makarti, Satriya kudu nggenepi darmaning satriya, samono uga Sodhagar dadi babalung tumrap bebrayan gung, sarta Taruna kudu mangerteni yen minangka babalung tumrap nagara kang den gegadhang mengkone bisa mandhegani lumakuning tata praja samangsane purna para wredha.
Kresna medharake sejatine Laku marang Arjuna iki pamrihe dimen Arjuna mangerteni mungguh Laku kang kudu den lakoni minangka jejering sa­triya, amarga sawatara iki Arjuna maksih bingung, sedhih, rumangsa dosa. Bisane mangkono karana Arjuna durung bisa milahake, pundi Lakun­ing Satriya, lan pundi Lakuning Brahmana.

9. //Kajaba kanggo panjangka bekti / donya iki kinunjara dening Kodrat Pakarti / Mula, makartia kanggo ngabekti / tanpa pamrih pribadi, he Kunthiputra//

Sakabehing isen-isening jagad iku kinunjara dening kodrat pakarti. Nanging, manawa pakarti katindakake tan kasampiran panjangka pribadi, yaiku hamung kanggo bekti lan ngabdi, mula kunjara tan kuwawa nguwasa­ni manungsa.

10. //Nalika samono Pengeran nitahake manungsa / kinanthen kodrat lan paring dhawuh / “Kanthi iki sira bakal nurunake brayat / lan iki sapi minangka panguripanira”//
11. //Mula, memujia mring Jawata / mugyantuk berkahing Dewa / Kanthi tepa salira kang mangkono / sira wus ngregem Kawicaksanan Jati//

Manungsa lan sagung titah kudu manembah marang Pengeran, amarga seja­tine Pengeran nitahake manungsa iku hamung supaya manembah marang Panjenengane. Yektine, manembah marang Pengeran iku kanggo manungsa iku dhewe, lan dudu butuhe Pengeran. Pengeran datan luwih agung manawa kabeh titah tansah manembah, lan nora dadi luwih asor lamun kabeh titah lirwa ing sembah, amarga Pengeran iku Maha Agung saka Karsane. Tan ana daya kang bisa mrabawani Panjenengane.
Ora kena ora, manungsa kudu manembah, amarga Urip, Panjangka, Pakarti, Pituwas, Begja lan Cilakaning manungsa iku paparinging Pengeran. Manungsa hamung nduweni siji prakara yaiku pamilih, milih tumindak utawa mandheg, milih menggok utawa jejeg, milih abang utawa ijo. Pikolehe manungsa wujud begja utawa cilaka iku paparinging Pengeran, lan karana pamilih iku mau. Manawa bener pamilihe, kabegjan pikolehe, lan manawa luput ing pamilih ambabar kacintrakan. Manungsa hamung ngu­paya, Gusti kang wenang maringi. Manungsa Tama hamung nyandhang dwi rasa, Sukur ing kabegjan lan Narima ing panandhang. Luwih utama manawa janma bisa tansah Sukur ing lelorone. Manembah iku yektine mujudake rasa Sukur tumrap apa kang wus den tampa.
Dadi, pakarti iku mesthi, sembah iku kedah. Makarya nemu nugraha, yen lirwa ing sembah uripe sajatah, temen ing sembah uripe turah. Janjine Pengeran, sapa manembah bakal ngrasakake urip kang luwih becik ing donya lan wurine. Kanthi tembung liya, Pengeran bakal peparing marang manungsa, Pengeran bakal peparing kathah marang manungsa kang manem­bah. Dene wujude sembah iku ana patang prakara :
1. Sembah Raga,
Sembah raga iku pakartine wong amagang laku, sesucine asarana saking warih, katindakake ing wektu kang ajeg, wantu wataking lalakon. Lire sarengat iku, kena uga ingaranan laku, dhingin ajeg lan taberi, pikolehe nyenyeger badan mrih kaot.
2. Sembah Cipta,
Sesuci tanpa banyu, amung nyunyuda hardaning kalbu, pambukane tata titi ngati-ati, atetep telaten atul, tuladhan marang waspaos. Gagare ngungar kayun, ngayun-ayun, bangsa nganggit yen ginigit nora dadi, marma den awas lan emut, mring pamurunging lalakon.
3. Sembah Jiwa,
Sayekti luwih perlu, ingaranan pupuntoning laku, kalakuan kang tumrap bangsaning batin, sucine lan awas emut, mring alaming lama amot. Kaleme mawa limut kalamatan jroning alam kanyut, sanyarane iku kanya­tan, sajatine yen tan emut, sayekti tan bisa amor.
4. Sembah Rasa,
Sembah rasa karasa wosing dumadi, dadine wus tanpa tuduh, mung kalawan kasih batos. Meloke ujar iku yen wis ilang sumelanging kalbu, amung kandel kumandel marang ing takdir, iku den awas den emut, den memet yen arsa momot.

12. //Amarga kanthi pamujanira / Jawata arsa paring berkah mring kabagyanira / Lan sapa kang nora narima marang nugrahaning Dewa / sejatine patrape pandung//
13. //Kang becik dhahar sawise upacara ngabekti / bakal kalis saliring dedosa / yen nyamaptakake dhedhaharan hamung nyukupi dhiri pribadi / mangkono iku tegese nguntal dedosa//
14. //Karana pangan, titah urip / karana udan, tetedhan tuwuh / karana bekti, tumurun udan / lan bekti iku dumadi saka karya//
15. //Kawruhana, dumadine karya iku saka Pengeran / Pengeran ya Kang Maha Tunggal / Mula Pengeran kang nyakup sakabehe / tansah mapan sumandhing mring bekti//
16. //Kang datan melu ngubengake rodhaning urip / tansah urip jroning dedosa / ngumbar hardaning nepsu, he Parta / iku urip muspra yekti//

Rodhaning urip kadya cakramanggilingan, lir gumanti antarane begja lan cilaka, bungah lan susah, tan ana pedhote. Rodhaning urip lumaku karana Jagad Alit lan Jagad Ageng lumaku bebarengan. Kang sinebut Jagad Alit yaiku manungsa, dene Jagad Ageng yaiku Bumi, Langit lan saisine utawa Alam. Manungsa lan Alam, lelorone nduweni gandheng-ceneng kang tan kena kapilahake. Manawa Budining Manungsa rusak datan mrabawani Alam, nanging rusaking Alam nemahi uriping manungsa abosah-baseh.
Pancen, agawe rusaking alam iku dudu tindak angkara, nanging iku pakartine janma cubluk. Lire, ngrusak alam iku ya ngrusak dhirine dhewe. Mula, datan ana prayogane manungsa makarti kang bisa agawe rusak mring alam. Yektine, nora ana manungsa kang tumindak luput, kang ana yaiku manungsa kang tumindak bener nanging durung pener.

17. //Nanging kang tansah ngabdi ing Jiwa / lan narima peparing-Nya / bagya urip kalayan Jiwa / tan maneh kaiket ing karya//
18. //Dheweke makarti tan mamrih pituwas / tan rumangsa kelangan yen nora makarti / datan gumantung mring sing-singa / murih pikantuk pituwas apa bae//
19. //Mula tindakna sabarang karti / minangka kawajiban tanpa bebathen / amarga karya tanpa bebathen / mapanake manungsa ing kamulyan yekti//
20. //Kanthi pakarti mangkono / Janaka lan Para Satriya ngancik kasampurnan / Murih kamulyan lan kaluhuran ing donya / sira uga kudu nindakake kawajibanira//

Manungsa kang sabar lan narima jroning bekti sarta rila ing pangorbanan bakal luwar saka pangiketing karya, manunggal lawan Pengeran wusana nggayuh kamulyaning urip. Pakarti kang yekti luhur, iku manawa katindakake tanpa nggegadhang nugraha pribadi. Uga, pakarti kang kinanthen pangorbanan minangka tandha bekti, iku luhur kalangkung tinimbang karya kang maksih kasampiran mareming pribadi. Amarga kabeh iku ngentasake manungsa saka samudra pasucen sarta kasampurnan cipta lan jiwane.
Pakartine manungsa luhur tansah nindakake kawajibaning urip hamung mamrih kabagyan lan kamulyaning bebrayan agung kanthi laku milujengake jagad saka ubaling angkaramurka. Prabu Janaka, raja Mithilanagri ya sudarmane Dewi Sinta, pantes sinudarsana. Rasa ‘’Ingsun” lan “Kagungan ing-Sun” wus aluwaran. Saka iku, rikala kraton lan saisine kerem ing samudraning dahana, kang kawedal ing lesan “Datan ana kagungan-ku kang kobong !”

21. //Samubarang pakartine Manungsa Tama / para janma tut ing wuri / Samubarang tuladhane / dadi panutan titah ngakathah//

Manungsa lumrah tansah tut wuri lakuning janma pinunjul wiwit jaman biyen mula. Janma pinunjul mangkono linair supaya nggawa pepajar tumrap pamikir lan titah ngakathah jroning urip ing donya. Ana kang linair dadi Bhagawan, Pendheta, uga dadi Nabi kang kabeh iku minangka panutan tumrap manungsa kang urip ing jagad.

22. //Tan ana pakarti kang kudu Ingsun tindakake / tan ana pituwas kudu Sun jangka / ing Triloka, he Parta / nanging Ingsun tansah makarti//
23. //Amarga, Parta, manawa Ingsun / ora tansah makarti, tan ana pituwas / Janma ing sadhengah papan sadhengah prakara / bakal tut wuri lampah Ingsun//
24. //Manawa Ingsun kendel ing karya / lebur tanpa dadi jagad iki / lan Ingsun minangka Marganing Karusakan / nyirnakake sadaya titah//

Ing kene Kresna minangka Utusaning Pengeran ngandharake manawa Dheweke nora darbe panggayuh babar pisan, kajaba hamung mamrih bisa mujudake lan nuduhake pakartine manungsa tumuju marang kasampurnan lan kamulyan langgeng sarta nggulawenthah jagad lan njaga amrih kalis ing kasirnan.

25. //Kaya si cubluk makarya amarga nugraha / mangkono samesthine kang wasis makarya / nanging datanpa pamrih pribadi, he Bharata / kajaba muhung raharjaning manungsa//
26. //Haywa manungsa kang wicaksana / mbebingung si cubluk makarya angangsa / kajaba hamung andulu kang pada makarya / sinambi weh tuladha makarya bekti//

Kresna arsa aweh pepeling manawa para janma kang wicaksana aja nganti mbebingung lan gawe kendho kapitayane manungsa kang cupet kawruhe. Amarga, sanadyan para manungsa iku datan wasis nanging nora bisa selak saka rasa tanggungjawab marang pakarti, pangabekti lan katresnane dhewe-dhewe. Bisa bae amarga cubluk, satemah makarti kang nalisir saka angger-angger. Marang kang mangkono iku perlu piwulang lan panun­tun amrih jejeg laku lan pakartine. Kawruhana, tumrap manungsa kang mangkono iku, kapitayan marang Pengeran luwih kandel katimbang pra­cayane marang sapadha-padha. Lan, amrih manungsa bisa nyandhang budi kang luhur, nora bisa ginayuh ing sakedheping netra nanging kedah den upaya kanthi sathithik mbaka sathithik satemah kalakon jangkane.

27. //Sadhengah karya karana Guna / nanging kang peteng pikire / karana kasaput ing rasa kumingsun / panganggepe : “Ingsun iki sang pakarti”//
28. //Nanging tumrap kang wruh, he Mahabahu / bedane Jiwa lan sipat guna / eling manawa Guna hamung mrabawani mring Guna / lan kalis ing pangiketing pituwas karya//
29. //Kang kentir ing apus-kramane guna / kinunjara ing pepinginan kang dadi pikolehe / Tumrap kang wruh, haywa sira njlomprongake / kang cupet ing kawruh//

Guna (sipat/watak) iku watesing kamardikan kang tuwuh amarga anane lair lan swasana kanan-kering kang bisa mageri. Kawruhing manungsa bisa mahanani megar utawa mingkuping kamardikan kang winatesan guna iku mau. Kawruh mangkono bisa rinegem amarga pakarti sasuwene urip, kayadene dumadine jagad iki amarga ana mobah-mosiking wuwujudan sarta owah-gingsiring kahanan kang kabeh mau sangkane saka Kang Maha Tunggal.
Manungsa kang nora mangerteni sejatining Guna, sagung pakartine kasam­piran panjangka lan pikolehe digawe dhewe, nora luwih. Tumrap kang Wruh, bakal bisa luwar saka kunjaraning Guna kang tegese luwar saka pangiketing harda kang nguber nugraha.

30. //Tumujua mareng Sun saliring karyanira / kanthi nering cipta mring Jiwa / kalis ing nepsu pepinginan lan kumingsun / singkirna rasa miris, lan sigra sira amagut yuda//

Kresna minangka Utusan, medharake Pangandikaning Pengeran weh piwulang marang Arjuna, kinen sumarah ing sagung pakarti jiwane marang Jiwa kang mapan jro ragane. Kanthi pasrah kang mangkono, Arjuna bakal myumurupi manawa pribadine iku hamung sarana lan sejatine Sang Pakarti iku Jiwa, satemah jirih nora kasandhang maneh.

31. //Kang tansah tut wuri piwulang-Ingsun / kanthi sawutuhe kapitayan / sarta kalis saliring wewujudan / uga kalis ing kunjara karya//
32. //Kang mungkur ing piwulang-Ingsun / ora mung nyimpangi / uga ora ngrumangsani lan sirna kapitayan / Kang mangkono, dheweke wuta ing kabecikan//
33. //Ing kalane kang wicaksana tumindak / mituhu sipat-sipat kawicaksanan / uga titah samudaya mituhu kridhanya / prakara kang pundi bisa rampung kanthi kaprawasa//

Kresna ngrumangsani manawa akeh manungsa kang nalisir saka piwulang-Nya. Mangkono iku amarga saka sipat lan patrape manungsa dhewe, nadyan kang wasis apadene si cubluk. Manungsa mangkono iku maksih kinunjara dening sipat guna, mula akeh kang micara : “Aku nora bisa nindakake, amarga nora trep marang sipatku”, yekti kinunjara dening kadonyan saingga nora bisa dipeksa.
Sejatine, piwulang iku mau maksih bisa katindakake. Cipta lan karsa kudu den ner-ake murih kagayuh pamepering nepsu nganti mangsakala kang ing kono Rereget nora kasandhang dening Jiwa, nanging kapara Sesuci kang dadi Pakartining Jiwa.

34. //Tresna lan serik marang sawijining pepinginan / mapan ing pepinginan iku dhewe / Haywa sira asor dening lelorone / amarga leloro iku hamung pepalang yekti//

Krungu iku pakartine talingan, weruh iku darbeke netra. Bisa bae manungsa seneng utawa sengit marang kang kapireng lan kadulu, nanging kudu mangerteni manawa seneng utawa sengit iku mau amarga saka pangra­sa jiwa. Manawa manungsa kinunjara dening tresna lan sengit, iku tegese manungsa kinunjara dening pangrasane. Ing kahanan mangkono iku, urip wus tanpa kiblat lan sirna ciptane, tan prabeda kaya satokewan. Pangrasa jiwa iku kang kedah den asorake.

35. //Prayoga nindakake kawajibane dhewe / sanadyan tan sampurna rampunge / katimbang kawajiban liyan sanadyan kanthi becik / katimbang kawajiban liyan kang ngutawatiri//

Kresna arsa nyemoni Arjuna manawa aluwung njejaluk katimbang perang mrajaya kadang. Njejaluk ing kene tegese, nilar kadonyan lan teteki ngudi jatining bebener, dene nedha lan nginume kanthi ngranti pawehing liyan.
Kang mangkono iku nora dadi karsane Kresna, amarga Arjuna iku jejering Satriya, tegese dheweke duwe jejibahan kang kudu den ayahi jroning pabaratan, kayadene wong tani darmane nggarap tegal-sawahe, dwija darmane kanthi weh piwulang ing pasinaon, lsp. Manawa ana manungsa kang nilar kawajibane lan ngayahi pakaryaning liyan, bebrayan gung bakal kisruh, lan ing ngarsaning Pengeran ajining pikoleh saka darmaning manungsa iku hamung aneng greget bektine kang den papanake ing karya iku dhewe. Greget kang kapapanake ing karya iku nyuceni jiwa nyaketake mring kamulyan langgeng.

Arjuna tetanya :

36. //Duh Warsneya, punapa ta / ingkang anjurung manungsa tumindak dosa / pakarti kang datan jumbuh ing sanubari / kados-kados kanthi paksa//

Miturut pamawasing Arjuna, manungsa asring rumangsa kapeksa nindakake sawijining pakarti kang kosokbalen kalawan kekarepane dhewe. Akeh manungsa kang makarti ala nanging nora bisa selak manawa jro atine rumangsa manawa tumindake iku luput, ewadene pakarti ala iku mau ya kudu den lakoni.

Sabda Sri Bhagawan :

37. //Iku nesu, iku nepsu / tuwuh saka sipat guna / lelorone agawe sirna, hamung dosa yekti / kawruhana, lelorone iku satru sejati//
38. //Kadya geni kasaput ing kukuse / kadya pangilon kasaput ing lebu / kadya bayi jro guwa garba ibu / mangkono Jiwa kasaput ing nepsu//

Ngendikaning para wasis, manawa nesu iku tuwuh saka nepsu, uga bisa kasebut loroning atunggal. Nesu iku dumadi amarga nepsu kang nora keturutan.
Ana gegambaran Jiwa kang kasaput ing sipat guna ( nepsu lan nesu ) miturut tatarane. Jiwa kang kasaput sipat guna nora pati kandel kagam­barake Geni kasaput kukuse, manawa ana angin bakal sirna kukuse lan katon genine. Manawa sipat guna saya kandel, den ibaratake Pangilon kasaput lebu, tegese mbutuhake upaya kanggo nyingkirake lebu amrih pangilon bisa katon maneh. Dene, tumrap sipat guna kang kaliwat kan­del, pindhane Bayi jroning guwa garba, amrih bayi lair kanthi wilujeng kudu ana upaya uga kudu sabar ngenteni titimangsa. Kawruhana, sipat guna iku dadi sandhanganing manungsa, mula tan ana manungsa kang luwar saka sipat guna. Iku tegese, upaya nyingkirake sipat guna ya kudu dilakoni.

39. //Katutup korining kawruh, Kunthiputra / tumrap kang wasis wicaksana / dening hawa nepsu kang yekti hangangsa / kang minangka satru satuhu//

Hawa-nepsu iku satru sejati tumrap manungsa. Tumrap manungsa kang cekak kawruhe, hawa-nepsu nora nggegirisi kaya kang rinasa dening manungsa kang wasis. Wong bodho den reridhu dening nepsune hamung sawatara, amarga dheweke nora pinter ngudhari ruwete. Nanging, wong wasis bakal langkung kasiksa dening ubaling nepsu. Amarga, saya den upaya nuruti hardaning nepsu, kepara ngambra-ambra nepsu ambrongot, ibarat geni digrujug lenga. Pancen, Nepsu iku satru sejati !

40. //Pancadriya, wardaya lan cipta / iku minangka titihane / kanthi kawruh wus kasaput nepsu / tuwuh jroning raga jiwa kang bingung//

Manawa nepsu wus nguwasani pancadriya, sabanjure bakal nguwasani ati, pepuntone ngasorake pamikir, satemah sirna sakabehe.

41. //Saka iku, he Bharata kang prayoga / kapisan kendhalenana pancadriyanira / lan sirnakna nepsu kang adus dedosa / panglebur sadhengah kawruh lan kabecikan//
42. //Kang ngandharake pancadriya iku agung / kang luwih agung yaiku ati / kang ngluwihi nurani yaiku kawaskithan / kang agung kalangkung iku Jiwa//
43. //Dadi, nyumurupi yen Jiwa kalangkung agung / kanthi meper jiwanira kanthi Jiwa / sirnakna satru kang awujud nepsu / kang nora gampang den asorake, he Mahabahu//

Ngendhaleni pancadriya, nurani lan cipta iku wajib. Nanging upaya kang mangkono iku datan bisa sapisan kajangkah. Rasa rumangsa kudu den wiwiti kanthi kawruh meper pancadriya, mekak pepinginan lan pungkasane ngendhaleni cipta.
Laku meper pancadriya iku dudu barang gampang, nanging yen wus kasil, iku dadi margane bisa ngendhaleni nurani lan ciptane amrih bisa nyu­murupi manawa dhirine iku kalebu peranganing Jiwa kang langgeng. Pepuntoning laku, manawa nepsu wus bisa den kendhaleni bakal ginayuh katentreman jiwa.

Wonten Candhakipun : Perengan 04
Sumber : Bagavatgita oleh Nyoman S. Pandit
Kaentha dening: Bangkit R dalasan Agus Wiyono
Kiriman dari Bangkit Riyowanto. email : obeeth@gmail.com
————————————————–
Alang alang Kumitir

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

Awan Tag

%d blogger menyukai ini: